Kamis, 22 Desember 2011

~~**SANEPAN PALENGGAHANE URIP NENG DONYO**~~

Oleh Andre Jovano dan Didik Putra Permana di Ngudi kasampurnan sejati

“ TITIK WANCI “
Titik wanci menungso ono ing palenggahaning urip
Urip kang sak becik’e urip
Urip gemawang nang paran....parane “ AKARYO JAGAT “
Jagat sak isine kudu ngerti pawohing pakarti
Pakarti budi luhur soko kersa ning Allah ta’allah sing duweni singgahsana abadi

“ MENUNGSO “

Mulo ugo menungso sing kasembadan...Ojo tho podho rumongso
Rumongso kang kaninggaling kawulo
Kawulo kuwi kudu ngerti sabdyoning alam
Alam kang katatan , sak tenanne
Sak tenanne menungso kuwi mung kawijangan rumongso
Kabeh kuwi kudu ngerti sak tenanne marang Gusti kang akaryo jagat
Kang duweni gede rumongso kuwi kawijangane Gusti Allah

“ KANUGERAHAN “

Kanugerahan urip kuwi kudu ditoto lan diwejang
Ojo ditonton , tapi diroso...diroso opo piwulange urip sak benere
Sing koyok ngono kuwi jenengen manunggaling kapribaden kawulo urip neng donyo
Mulo...tho mulo ojo paninggung tapi kudu wilantah , wilujeng ing pandongan
Sing sak bener-benere pandongan kuwi kudu marekso neng ati lan roso karo Gusti Allah

“ DONYO “

Kahanan urip neng donyo kuwi wejowantahing kawulo Gusti
Kawulo Gusti kudu duweni doyo manunggaling roso sejatining roso urip
Sejatining roso urip kuwi doyo kanugerahaning Gusti Allah kang akaryo jagat sak isine
Kudu piye menungso neng donyo kuwi sing ngaluyur uripe...
Menungso ning donyo kuwi kudu malenggahing roso ning urip
Kudu ngerti sabenere urip kuwi soko kersane Allah ta’allah...

pangapunten menawi enten kelepatan sumonggo di lurusaken
salam perseduluran, kasih penuh damai., rahayu-rahayu-rahayu

0 komentar:

Posting Komentar